Senin, 19 April 2010

R.A Kartini


Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 - Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.

Buku
Habis Gelap Terbitlah Terang

Taun 1922, déning Sekawan Sedhèrèk, Door Duisternis Tot Licht dipuncawisaken ing basa Melayu kanthi sesirah Habis Gelap Terbitlah Terang; Boeah Pikiran. Buku puniki dipunterbitaken déning Balai Pustaka. Armijn Pane, salah satunggaling sastrawan pelopor Pujangga Baru, kacathet minangka salah satunggaling panerjemah serat-serat Kartini dhateng Habis Gelap Terbitlah Terang. Panjenenganipun ugi dipunsebat-sebat minangka Sekawan Sedhèrèk.

Taun 1938, buku Habis Gelap Terbitlah Terang dipunterbitaken malih ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku terjemahan saking Door Duisternis Tot Licht. Buku terjemahan Armijn Pane puniki dipuncithak kaping sewelas. Sasanèsipun punika, serat-serat Kartini ugi naté dipunterjemahaken dhateng basa Jawi lan basa Sundha. Armijn Pane nyawisaken serat-serat Kartini ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku sadèrèngipun. Panjenenganipun milah kempalan serat-serat kasebat dados gangsal bab pembahasan. Pambagéan kasebat panjenenganipun lampahi kanggé nedahaken wontenipun tahapan utawi éwahing sikap lan pamikiran Kartini salaminipun korespondénsi. Ing buku versi énggal kasebat, Armijn Pane ugi nyiutaken cacahing serat Kartini. Namung wonten 87 serat Kartini ing "Habis Gelap Terbitlah Terang". Panyebab mboten dipunamotipun sedaya serat ingkang wonten ing buku acuan Door Duisternis Tot Licht, inggih punika wontenipun kamèmperan ing sapérangan serat. Alesan sanès inggih punika kanggé njagi lampahing carios supados kados roman. Miturut Armijn Pane, serat-serat Kartini saged dipunwaos minangka satunggaling roman kagesangan pawéstri. Puniki ugi ingkang dados salah satunggaling panjlasan alesan serat-serat kasebat dipunwilah dados gangsal bab pambahasan.

0 komentar:

Posting Komentar